Kidung Asmaradana

Kidung Asmaradana

 Author: Hidratmoko Andritamtomo  Category: Antologi Cerpen, Bahasa Jawa  Publisher: Gamagatra  Published: 2026  Pages: 172  Country: Indonesia  Language: Alhamdulillah monjuk sokur marang Gusti Allah SWT kang wus kepareng paring idi palilah satemah pustaka awujud antologi cerkak kang kaemot ing kalawarti kanthi irah-irahan ‘Kidung Asmaradana’ bisa karampungake kanthi tatas nir ing sambikala. Pinilih Kidung Asmaradana pinangka irah-irahan antologi, saliyane sawijining cerkak ing buku iki, kidung bisa ditegesi tembang wedharing pangangen kang kababar lumantar ukara ndhapuk wacan sastra jawa. Dene Asmaradana ateges seneng utawa suka dedana. Kanthi mangkono kaajap wedharing pangangen bisa ndhapuk cerkak kang kebak kawruh utama nuli seneng ngedumake marang liyan pinangka bahan wacan sokur bage bisa dadi sarana sinau. Cerkak-cerkak sajroning buku kang kaaturake kanthi gunggung 22 kabeh kang tau kaemot ing kalawarti ing laladan DIY apadene ing laladan Jawa Timur. Tuladhane ing kalawarti Mekarsari Kedaulatan Rakyat, Djakalodang, Jaya Baya, lan Titis Basa Balai Bahasa Jawa Timur. Saliyane iku uga ana saperangan kang kaemot ing buku antologi cerkak babaran Dinas Kebudayaan (kundha kabudayan) Kabupaten Bantul uga Dinas Kebudyaan (kundha kabudayan) Propinsi DIY. Cerkak kang kaaturake ngemot kedadeyan nyata, crita carangan saka pangangen-angene panulis. Kepara uga ngemot crita jagading lelembut. Kabeh cerkak kang ana ing buku iki wis dititipriksa dening redaktur kalawarti apadene panawung kridhaning sayembara buku antologi cerkak. Kanthi magkono kaangkah buku iki bisa kagunakake kanggo bahan wacan uga referensi sinau nulis tumrape para murid uga sutresna sastra jawa. Panulis sadhar anggone nulis cerkak ora luput saka akeh kekurangan. Mula kanthi binukaning tangan loro penulis nampa maneka panjurung apadene panyaruwe kang bisa mangun murih buku iki bisa luwih apik satemah aweh paedah marang sasama.  Dimension: 14 x 20 cm More Details
 Back