Skip to content

Wewaler
Author:
Sarjiono, M. Pd.
Category:
Antologi Puisi, Bahasa Jawa
Publisher:
Gamagatra
Published:
2026
Pages:
78
Country:
Indonesia
Language:
Raos sokur Alkhamdulillahirobbil ‘alaamiin panyerat aturaken dhumateng Gusti Allah Swt. ingkang sampun paring kasarasan, kanugrahan, saha kalodhangan wekdal satemah Antologi Geguritan punika saged maujud. Antologi Geguritan kanthi irah-irahan ‘Wewaler’ punika minangka salah satunggaling karya panyerat sajroning dados pendidik. Ing kalodhangan punika, panyerat ngaturaken agenging panuwun dhateng sedaya sanak kadang ingkang sampun mbiyantu mujudaken karya punika. Asil karya punika tamtu kemawon dereng saged kawastanan sae punapa malih jangkep. Pramila, panyerat mawantu-wantu atur pangandikan saha panyaruwe murih langkung sae saha jangkepipun karya punika, kanthi bingahing manah linambaran atur panuwun. Wasana, kanthi raos andhap asor panyerat kamipurun Antologi Geguritan punika sinaosa dereng sampurna. Ananging, saestu panyerat ngajeng-ajeng mugi seratan punika saged murakabi.
Dimension:
14 x 20 cm
More Details
Back